Teks Singkat Pembawa Acara Bahasa Jawa



Assalamu'alaikum Wr.Wb

Alhamdulillahhirobbil'alamin. asholatu was salamu 'ala asrofil ambiyai wal mursalin. wa'ala alihi waashabihi ajma'in , ammaba'du.

Para alim, ulama’ para sesepuh pini sepuh ingkang tansah kinurmatan.

Para bapak lan ibu pembina lan sedoyo pengurus ugi anggota IPNU IPPNU ranting tulakan gangsal ingkang kaluo hormati.

Langkung rumiyin monggo kito sami ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampung maringi kito rohmat lan kanugrahan, sahingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing mriki majlis.

Sholawat lan salam mugi kunjuk dhumateng Rasulullah saw. Mugi-mugi kito sedoyo ansal syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah.Amin…

Kula ing mriki minongko pranoto adicoro. Wandene susunan acoronipun inggih puniko kados mekaten :

  1. (kaping sepindah) Pambukaan
  2. (dipun lajengaken adicoro ongko kaleh) Waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
  3. (adicoro ongko tigo) Tahlil
  4. (adicoro ongko sekawan) Mars
  5. (adicoro ongko gangsal) Sambutan-sambutan
  6. (adicoro ongko enem) Penutup


Wangsul wonten ing adicoro kaping sepindah inggih punika pambukaan, monggo acoro ing siang/sonten/.. meniko kita wiwiti kanthi waosan ummul kitab (suratul fatihah) kanthi sesarengan, Liridhoillah walisyafa’ati Muhammad rasulillah SAW. Al-faaatihah.… matur suwun.

Saklajengipun inggih puniko adicoro ongko kaleh. Waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos dinging rekan/rekanita “…namanya…”. katur “…namanya…” kulo aturaken, sumonggo….  Matur suwun

Dipun lajenganken adicoro ingkang ongko tigo ingggih puniko waosan tahlil ingkang badhe dipun imami rekan “…”  katur “…”  kulo aturaken, sumonggo….  Matur suwun

Adicoro ingkang ongko sekawan ingggih puniko mars, ingkang badhe dipun pimpin rekanita “…” katur “…”  kulo aturaken, sumonggo….  Matur suwun

Adicoro ingkang ongko gangsal ingggih puniko sambutan2, sambutan ingkang sepindah sangking “…” dst. ingkang badhe dipun sampe’aken rekan/rekanita “…” katur “…”  kulo aturaken, sumonggo….  Matur suwun 

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Sak umpami ing dalem kaulo matur ,katah lepat lan kelintunipun kulo atas nami pranoto adicoro, nyuwun agungipun pangapunten. Monggo kita pungkasi adicara ing siang/sonten/dalu… menika kanthi waosan hamdalah sesarengan. (Allhamdulillah hirabbill ’alamin.).

Wallahul muwafiiq ila aqwamit thariq
Wassalamu'alaikum Wr.Wb
Ranting Tulakan V
Ranting Tulakan V Belajar, berjuang, serta bertaqwa.

Posting Komentar untuk "Teks Singkat Pembawa Acara Bahasa Jawa"